WULAN MISI MIRONGGAN OKTOBER 2019

Ngriyayakake wulan Misi 

Bapa Suci Paus Fransiskus netepaken Oktober 2019 kagem wulan mironggan kagem misi. Serat Bapa Suci Fransiskus menika sampun dipun tapak astani ing Vatikan 22 Oktober 2017. Bapa Suci netepaken menika kagem mengeti 100 taun Serat Apostolik “Maximum Illud” dening Paus Benedictus XV, 30 November 1919. Wondene Serat Apostolik “Maximum Illud” menika ngemot bab-bab kerasulan lan nyebar misi ing donya.  Bapa Suci Benedictus XV mratelakaken bilih martosaken Injil sejatosipun dados kewajibanipun sedaya umat Katolik. Kewajiban martosaken Injil menika tugas saking Gusti Yesus piyambak. Martosaken Injil ugi dados kewajiban tiyang Katolik ingkang sampun dipun sandhang rikala nampi Sakramen Baptis. “Gusti banjur ngendika: Padha budhala menyang ing saindenging jagat lan wartakna kabaring kabungahan marang sakeh tumitah” (Markus 16:15). Sedaya tiyang Katolik gadhah jejibahan dados Imam, Nabi lan Raja. Dados Imam menika nucekaken jagat. Damel samubarang ingkang tumitah dados suci lan pantes ing Ngarsa Dalem Gusti. Dados Nabi menika martosaken Injil, ngajab kawontenaning jagat dados langkung sae lan di peni. Dados Raja menika kejawi nuntun kados pangen mbeta mendanipun ing pasuketan lan toya bening ugi kedah wantun ngladosi dhateng sesamining gesang. 

Serat Apostolik “Maximum Illud” ingkang ngemot bab  martosaken Injil ing saindenging jagat gadhah gegayuhan 3 perkawis:

  1. Paring panjurung lan semangat enggal tumrap tanggeljawab missioner kagem martosaken Injil. Awit martosaken Injil menika kodtratipun pasamuwan suci. Wontenipun Pasamuwan Suci mboten saget dipun pisahaken kaliyan martosaken Injil. Martosaken kabar kabingahan Injil Suci, mboten naming tugasipun imam, katekis menapa dene missionaris ananging dados kewajibanipun sedaya umat katolik.
  2. Misi martosaken Injil kedah bebas saking sewarnining rudhapeksa lan tujuan-tujuan pados panguwaos ingkang badhe damel risak. Pawartos Injil dipun leksanani kanthi semangat asih tresna kagem nglantaraken sedaya tiyang saget rinengkuh ing Gusti.
  3. Martosaken Injil mboten kepareng kepara nolak sedaya ingkang badhe ngrendheti, menapa malih ingkang badhe mbonceng kagem kepentingan politik, bisnis, lan sanesipun, ananging kagem kepentingan mekaripun budaya katresnan. Pasamuwan Suci Katolik sifatipun umum (“universal”), kagem sedaya tiyang. Pakaryan misi namung kaleksanan mligi kagem martosaken Injil lan nyebar asih tresna Dalem Gusti, supados sansaya kathah tiyang ingkang ngraosaken kawiljungan ingkang saking Gusti.

Wulan Misi mironggan Oktober 2019, kawiwitan saking pestanipun Santa Theresia saking Putra Kinasih Yesus, surya 1 Oktober. Santa Theresia saking Putra Kinasih Yesus, dening Bapa Suci Pius XI, dipun angkat dados Santa Pangayoman kagem Pakaryan Misi Pasamuwan Suci Katolik. 

Ing Wulan Misi Mironggan Bapa Suci Fransisksus ngajak dhateng sedaya umat Katolik, mekaraken semangat missioner, kanthi sembahyang, nglelimbang Sabda Dalem ing Injil Suci, lan nglampahi pakaryan-pakaryan lelados dhateng sesami. Mironggan  dhateng tiyang ingkang kesrakat lan nandhang kacingkrangan. Misi ing wekdal menika mboten ateges bidhal ing tanah seberang lan kepencil,  lajeng martosaken Injil. Misi wekdal menika langkung-langkung mbikak lan mekaraken pasedherekan sejatos. Sesarengan mekaraken budaya katresnan, sesarengan ngupadi katentreman lan karaharjaning jagat raya. Menawi pasedherekan ingkang mekaten menika kaleksanan, jagat saisinipun badhe tansah ayom ayem, tata titi tentrem, kartaraharja. Inggih menika wujud Kratoning Allah ingkang tedhak.

Wonten ing kalodhangan ingkang endah menika, Bapa Suci Paus Fransiskus ngajak kula penjenengan sami nglanggati Wulan Misi Mironggan Oktober 2019, ngantos wulan Oktober 2020.  Mekaraken katresnan saking Gusti piyambak ingkang sampun dipun tampi. Nuladha semangatipun para suci ingkang nindakaken misi kanthi tresna asih lan mboten kendhat andum katresnan.  Santa Theresia saking Putra Kinasih Yesus lan Santo Fransiskus Xaverius   ingkang dados pengayomaning misi Pasamuwan  Suci Katolik. Kula penjenengan ugi nimba semangatipun Santo Paulus ingkang kagungan semangat mekantar-kantar martosaken Injil Dalem Gusti. Paulus prajurit Romawi ingkang sakderengipun gething kaliyan tiyang-tiyang Kristen, lajeng malik grembyang dados prajurit Dalem Gusti. Bidhal tindak img sadhengah papan kagem martosaken Injil Suci. Santo Paulus ing pakaryanipun nate ngendika: “Aku martakake Injil iku ora golek kaluhuran: iku kuwajibaning sesanggemanku. Bilai aku, yen aku ora martakake Injil” (1 Korintus 9: 16). 


A.Gandung Sukaryadi


Posting Komentar untuk "WULAN MISI MIRONGGAN OKTOBER 2019"